Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 15:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Tumuli ana wong sawatara saka ing tanah Yudea teka ing Antiokhia, kang padha mulang marang para sadulur ing kono mangkene: “Manawi panjenengan sadaya boten sami nglampahi supit manut adat-tata-cara ingkang dipun warisaken dening Nabi Musa, panjenengan boten badhe saged manggih karahayon.”

2. Nanging Rasul Paulus lan Barnabas banget anggone padha suwala lan mbantah panemune wong-wong mau. Wekasane pasamuwan banjur mutus, Rasul Paulus lan Barnabas sarta warga pasamuwan liyane sawatara kautus menyang ing Yerusalem nemoni para rasul lan para tinituwa, prelu ngrembug bab mau.

3. Para utusan mau diuntapake dening pasamuwan nganti tekan ing jaban kutha, banjur padha nerusake lakune ngliwati tanah Fenisia lan Samaria, sadalan-dalan padha ngundhangake pamratobate wong-wong kang padha ora wanuh marang Gusti Allah. Iki banget ndadekake bungahe para sadulur ing kono.

4. Satekane ing Yerusalem, para utusan padha ditampani dening pasamuwan lan para rasul sarta para pinituwa, banjur padha nyritakake samubarang kabeh kang wus katindakake dening Gusti Allah lumantar saka pandamele.

5. Nanging nuli ana wong sawatara kang kalebu golonganing wong Farisi, kang wis manjing pracaya, kang padha ngadeg lan matur: “Ingkang sanes tiyang Yahudi kedah dipun tetaki saha dipun wajibaken netepi angger-anggeripun Nabi Musa.”

6. Para rasul lan para pinituwa banjur padha nganakake parepatan, ngrembug prakara iku mau.

7. Bareng wis sawatara suwe anggone padha bebantahan, Rasul Petrus banjur jumeneng sarta ngandika: “Para sadherek, panjenengan sadaya sampun sami nguningani, bilih sampun wiwit kala rumiyin mila kula kapiji dening Gusti Allah saking ing antawis kita, supados lumantar lesan kula bangsa-bangsa sanes sami mireng pawartos bab Injil satemah lajeng sami manjing pracaya.

8. Mangka Gusti Allah ingkang nguningani manahing manungsa, sampun kepareng nampeni tiyang-tiyang wau, lajeng ugi sami kaparingan Roh Suci kadosdene kita,

9. punapadene Panjenenganipun babar pisan boten mawi mbeda-mbedakaken tiyang-tiyang wau kaliyan kita, sasampunipun nucekaken manahipun sarana pitados.

10. Milanipun kadospundi dene panjenengan sadaya sami nyobi dhateng Gusti Allah kanthi patrap ngetrapaken rembatan ing pundhakipun para siswa, ingkang leluhur kita utawi kita piyambak boten kiyat ngrembat.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 15