Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 14:8-21 Kitab Sutji (JAV)

8. Kacarita ing kutha Listra ana sawijining wong kang mung linggih bae, jalaran sikile apus, lumpuh wiwit lair lan durung tau bisa lumaku.

9. Nalika Rasul Paulus memulang, dheweke ngrungokake. Rasul Paulus mirsani lan nguningani, yen wong mau kadunungan pangandel sarta bisa diwarasake,

10. banjur ngandika kalawan sora: “Ngadega jejeg!” Wong mau banjur mak nyat ngadeg lan lumaku mrana-mrene.

11. Bareng wong akeh nyumurupi apa kang mentas ditindakake dening Rasul Paulus, tumuli padha nguwuh-uwuh nganggo basa Likaonia: “Dewa-dewa wis padha tumedhak ing tengah-tengah kita dadi manungsa.”

12. Rasul Barnabas disebut Zeus dene Rasul Paulus diarani Hermes, amarga kang ngandika.

13. Imaming dewa Zeus, kang kabuyutane ana ing jaban kutha, nuli teka ing sakethenging kutha karo nggawa sapi-sapi lanang lan karangan kembang kang arep dicaosake minangka sajen, bebarengan karo wong akeh.

14. Mireng kang mangkono iku Rasul Barnabas lan Rasul Paulus banjur nyuwek-nyuwek pangagemane lan lumajeng menyang ing satengahing wong akeh iku kambi nguwuh-uwuh:

15. “Para sadherek, kadospundi dene panjenengan kok sami tumindak makaten? Kula punika sami manungsa limrah kadosdene panjenengan sadaya. Kula wonten ing ngriki punika prelu ngabaraken Injil dhateng panjenengan, supados panjenengan sami nilara tumindak ingkang tanpa gina punika saha lajeng mratobat dhateng Gusti Allah ingkang asipat gesang, ingkang sampun nitahaken langit kaliyan bumi saha saganten dalah saisinipun sadaya punika.

16. Ing jaman ingkang sampun kapengker sadaya bangsa anggenipun sami lumampah ing marginipun piyambak, dipun kendelaken kemawon dening Gusti Allah,

17. nanging Panjenenganipun inggih tansah ngatingalaken kamirahanipun, inggih punika anggenipun maringi jawah sarta mangsa mirah dhateng panjenengan sadaya saking ing langit, sarta panggalih panjenengan tinuwukan ing tedha lan kabingahan.”

18. Sanadyan para rasul padha ngandika mangkono, ewadene meh-meh bae ora bisa mekak anggone padha caos kurban.

19. Nanging banjur ana wong Yahudi kang padha teka saka ing Antiokhia lan Ikonium, kang padha mbebujuk wong akeh, wasana Rasul Paulus banjur dibenturi watu lan kaseret menyang ing sajabaning kutha, jalaran dikira wis seda.

20. Nanging bareng karubung dening para siswa, panjenengane nuli wungu lan banjur lumebet ing kutha. Esuke banjur tindak menyang ing Derbe bebarengan karo Rasul Barnabas.

21. Rasul Paulus lan Barnabas anggone ngabarake Injil ana ing kutha kono oleh siswa akeh, banjur wangsul menyang ing Listra, Ikonium lan Antiokhia.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 14