Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 14:5-13 Kitab Sutji (JAV)

5. Wong-wong kang ora wanuh marang Gusti Allah lan para wong Yahudi bebarengan karo para pangarepe banjur padha wiwit nganakake obah-obahan niksa lan mbenturi watu marang rasul loro mau.

6. Bareng rasul-rasul mau padha nguningani bab iku, banjur sumingkir menyang ing kutha-kutha ing tanah Likaonia, yaiku Listra lan Derbe sarta ing tlatah sakiwa tengene.

7. Ana ing kono padha nggiyarake Injil.

8. Kacarita ing kutha Listra ana sawijining wong kang mung linggih bae, jalaran sikile apus, lumpuh wiwit lair lan durung tau bisa lumaku.

9. Nalika Rasul Paulus memulang, dheweke ngrungokake. Rasul Paulus mirsani lan nguningani, yen wong mau kadunungan pangandel sarta bisa diwarasake,

10. banjur ngandika kalawan sora: “Ngadega jejeg!” Wong mau banjur mak nyat ngadeg lan lumaku mrana-mrene.

11. Bareng wong akeh nyumurupi apa kang mentas ditindakake dening Rasul Paulus, tumuli padha nguwuh-uwuh nganggo basa Likaonia: “Dewa-dewa wis padha tumedhak ing tengah-tengah kita dadi manungsa.”

12. Rasul Barnabas disebut Zeus dene Rasul Paulus diarani Hermes, amarga kang ngandika.

13. Imaming dewa Zeus, kang kabuyutane ana ing jaban kutha, nuli teka ing sakethenging kutha karo nggawa sapi-sapi lanang lan karangan kembang kang arep dicaosake minangka sajen, bebarengan karo wong akeh.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 14