Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 12:8-18 Kitab Sutji (JAV)

8. Sang Malaekat banjur ngandika: “Sabukana lan enggonen trumpahmu!” Iku iya ditindakake. Sang Malaekat tumuli ngandika: “Jubahmu enggonen lan ngetutna aku!”

9. Panjenengane iya banjur tindak medal ndherekake malaekat sarta ora mirsa, yen apa kang ditindakake dening malaekat iku kalakon temenan, panyanane mirsa wahyu.

10. Bareng wis padha nglangkungi pajagan kapisan lan kapindho, nuli rawuh ing gapura wesi kang anjog ing kutha. Lawange iku menga dhewe. Bareng wis rawuh ing jaba, banjur padha tindak tekan ing pungkasaning dalan; dumadakan malaekat mau banjur nilar panjenengane.

11. Bareng wis enget wewentehan, Rasul Petrus nuli ngunandika: “Saiki aku ngreti temenan, yen Gusti wus ngutus malaekate sarta ngluwari aku saka ing astane Sang Prabu Herodhes lan saka ing samubarang kabeh, kang dikarepake dening wong Yahudi.”

12. Sawise nggalih-nggalih sadhela, banjur tindak menyang ing omahe Maryam, ibune Yokanan kang uga karang Markus. Ing kono akeh wong kang padha nglumpuk ndedonga.

13. Bareng panjenengane nothok lawang regol, ana abdi wadon jenenge Rodhe teka arep nyumurupi sapa kang thothok-thothok iku.

14. Dheweke ora pangling yen iku swarane Rasul Petrus, nanging marga saka bungahe, ora banjur ngengakake lawang, nanging enggal-enggal lumebu ngaturi pirsa, yen Rasul Petrus ana ing ngarep regol.

15. Wong wadon iku banjur dicalathoni: “Kowe iku ngomyang.” Ewasamono tetep anggone matur, yen iku nyata temenan. Banjur padha calathu: “Iku malaekate.”

16. Nanging Rasul Petrus terus bae anggone thothok-thothok. Bareng padha ngengakake lawang lan ndeleng panjenengane, padha kagawokan.

17. Nanging Rasul Petrus tumuli paring sasmita, supaya padha meneng, banjur padha dicaritani, kapriye anggone Gusti nuntun medal saka ing pakunjaran. Pangandikane: “Yakobus lan para sadulur kita padha wenehana sumurup bab iki.” Banjur miyos lan tindak menyang ing panggonan liya.

18. Esuke para prajurit padha kagegeran, padha takon-tinakon apa baya kang wis kalakon ing ngatase Rasul Petrus iku.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 12