Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 12:4-14 Kitab Sutji (JAV)

4. Bareng Rasul Petrus wis dicepeng, Sang Prabu Herodhes dhawuh supaya dikunjara kanthi dijaga dening prajurit patang regu, saben regu wong papat. Karsane, salebare Paskah bakal kaladekake marang ngarepe wong akeh.

5. Iya kaya mangkono iku anggone Rasul Petrus katahan ana ing pakunjaran. Nanging pasamuwan kalawan nrentheng ndongakake panjenengane marang Gusti Allah.

6. Nalika bengi sadurunge kaladekake marang ing ngarepe wong akeh dening Sang Prabu Herodhes, Rasul Petrus sare kaapit dening prajurit loro, kabesta ing rante loro. Kajaba saka iku ing ngarep lawang ana prajurit kang padha jaga.

7. Dumadakan ana sawijining malaekate Pangeran jumeneng ing sacelake Rasul Petrus lan sel kono kapadhangan ing cahya. Malaekat mau banjur nyeblek Rasul Petrus, supaya wungu kalawan ngandika: “Enggal tangia!” Rantene nuli ucul saka ing astane Rasul Petrus.

8. Sang Malaekat banjur ngandika: “Sabukana lan enggonen trumpahmu!” Iku iya ditindakake. Sang Malaekat tumuli ngandika: “Jubahmu enggonen lan ngetutna aku!”

9. Panjenengane iya banjur tindak medal ndherekake malaekat sarta ora mirsa, yen apa kang ditindakake dening malaekat iku kalakon temenan, panyanane mirsa wahyu.

10. Bareng wis padha nglangkungi pajagan kapisan lan kapindho, nuli rawuh ing gapura wesi kang anjog ing kutha. Lawange iku menga dhewe. Bareng wis rawuh ing jaba, banjur padha tindak tekan ing pungkasaning dalan; dumadakan malaekat mau banjur nilar panjenengane.

11. Bareng wis enget wewentehan, Rasul Petrus nuli ngunandika: “Saiki aku ngreti temenan, yen Gusti wus ngutus malaekate sarta ngluwari aku saka ing astane Sang Prabu Herodhes lan saka ing samubarang kabeh, kang dikarepake dening wong Yahudi.”

12. Sawise nggalih-nggalih sadhela, banjur tindak menyang ing omahe Maryam, ibune Yokanan kang uga karang Markus. Ing kono akeh wong kang padha nglumpuk ndedonga.

13. Bareng panjenengane nothok lawang regol, ana abdi wadon jenenge Rodhe teka arep nyumurupi sapa kang thothok-thothok iku.

14. Dheweke ora pangling yen iku swarane Rasul Petrus, nanging marga saka bungahe, ora banjur ngengakake lawang, nanging enggal-enggal lumebu ngaturi pirsa, yen Rasul Petrus ana ing ngarep regol.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 12