Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 12:14-24 Kitab Sutji (JAV)

14. Dheweke ora pangling yen iku swarane Rasul Petrus, nanging marga saka bungahe, ora banjur ngengakake lawang, nanging enggal-enggal lumebu ngaturi pirsa, yen Rasul Petrus ana ing ngarep regol.

15. Wong wadon iku banjur dicalathoni: “Kowe iku ngomyang.” Ewasamono tetep anggone matur, yen iku nyata temenan. Banjur padha calathu: “Iku malaekate.”

16. Nanging Rasul Petrus terus bae anggone thothok-thothok. Bareng padha ngengakake lawang lan ndeleng panjenengane, padha kagawokan.

17. Nanging Rasul Petrus tumuli paring sasmita, supaya padha meneng, banjur padha dicaritani, kapriye anggone Gusti nuntun medal saka ing pakunjaran. Pangandikane: “Yakobus lan para sadulur kita padha wenehana sumurup bab iki.” Banjur miyos lan tindak menyang ing panggonan liya.

18. Esuke para prajurit padha kagegeran, padha takon-tinakon apa baya kang wis kalakon ing ngatase Rasul Petrus iku.

19. Sang Prabu Herodhes banjur dhawuh nglari Rasul Petrus, nanging ora ketemu, nuli dhawuh mriksa para kang jaga, kang wusanane padha dipateni. Sang Prabu nuli tindak saka ing Yudea menyang ing Kaisarea sarta lereb ana ing kono.

20. Kacarita Sang Prabu Herodhes duka banget marang wong Tirus lan Sidon. Wong-wong mau padha saiyeg bebarengan sowan menyang ing ngarsane sarta padha kalakon bisa ngrimuk Blastus, punggawa ing kratone Sang Nata, supaya mbiyantu wong-wong mau. Banjur padha nyuwun bedhami, awit nagarane iku oleh pangan saka ing bawahe Sang Prabu.

21. Ing dina kang wus katamtokake, Sang Prabu Herodhes ngrasuk busananing ratu banjur lenggah ing dhampar lan ngandika marang wong-wong mau.

22. Ing kono rakyat padha nampani pangandika iku kanthi asurak-surak, sarta ngucap: “Punika swaraning allah lan sanes swaraning manungsa!”

23. Padha sanalika Sang Prabu banjur kagebag dening malaekating Pangeran, jalaran ora ngunjukake pangaji-aji marang Gusti Allah. Panjenengane seda kamangsa ing cacing.

24. Kacarita pangandikane Pangeran saya sumebar lan saya akeh kang ngrungokake.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 12