Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 11:6-17 Kitab Sutji (JAV)

6. Sareng kula tamataken, kula sumerep sawarnining kewan wonten ing lebetipun, kewan asuku sakawan, kewan wanan, kewan rumangkang saha peksi-peksi.

7. Kula lajeng mireng swara ingkang ngandika dhateng kula: Ngadega, heh, Petrus, nyembeleha lan mangana!

8. Nanging kula matur: Boten, Gusti, boten, amargi dereng nate wonten barang ingkang karam utawi ingkang boten resik, ingkang lumebet ing cangkem kawula.

9. Ewadene swara saking swarga wau lajeng ngandika dhateng kula ingkang kaping kalihipun: Apa kang kapangandikakake dening Allah, yen iku kalal, aja kokarani karam!

10. Bab punika kalampahan ngantos kaping tiga, sadayanipun nunten kainggahaken malih dhateng langit.

11. Sanalika punika ugi lajeng wonten tiyang tiga ingkang ngadeg ing sangajenging griya, ingkang ngadeg ing sangajenging griya, ingkang kula pondhoki; tiyang-tiyang wau dipun kengken saking Kaisarea murugi kula.

12. Kula nunten dipun pangandikani dening Roh: Mangkata bebarengan karo wong-wong iku lan aja mangu-mangu! Sadherek nenem punika tumut. Sareng kula lumebet ing griyanipun tiyang wau

13. tiyang punika tumunten nyariyosaken dhateng kula sadaya anggenipun sumerep malaekat jumeneng ing griyanipun saha ngandika dhateng piyambakipun: Kongkonana wong menyang Yope methuk Simon kang apeparab Petrus.

14. Iku bakal aweh pawarta marang kowe, kang bakal nekakake karahayon tumrap kowe dalah sabrayatmu kabeh.

15. Sareng kula wiwit wicanten, tiyang-tiyang wau lajeng sami katedhakan ing Roh Suci, sami kadosdene kita kala rumiyin.

16. Kula nunten kengetan dhateng pangandikaning Pangeran: Yokanan mbaptis nganggo banyu, nanging sira kabeh bakal kabaptis kalawan Roh Suci.

17. Dados manawi Gusti Allah maringaken rahmatipun dhateng tiyang-tiyang wau sami kadosdene dhateng kula nalika kita wiwit pitados dhateng Gusti Yesus Krsitus, kadospundi anggen kula saged nduwa dhateng Gusti Allah?”

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 11