2. Bareng Rasul Petrus rawuh ing Yerusalem wong-wong golongan tetakan padha padudon karo panjenengane,
3. pangucape: “Panjenengan sampun lumebet ing griyanipun tiyang-tiyang ingkang boten tetak saha dhahar sesarengan kaliyan tiyang-tiyang wau.”
4. Nanging Rasul Petrus banjur nerangake samubarang kabeh kanthi urut, pangandikane:
5. “Kula saweg ndedonga wonten ing kitha Yope, dumadakan roh kula kalimputan ing panguwaosipun Gusti Allah, kula lajeng sumerep rerupen: wonten barang ingkang awujud lawon wiyar, gumantung ing poncotipun sakawan kaandhapaken saking langit ngantos dumugi ing ngajeng kula.