Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 11:13-22 Kitab Sutji (JAV)

13. tiyang punika tumunten nyariyosaken dhateng kula sadaya anggenipun sumerep malaekat jumeneng ing griyanipun saha ngandika dhateng piyambakipun: Kongkonana wong menyang Yope methuk Simon kang apeparab Petrus.

14. Iku bakal aweh pawarta marang kowe, kang bakal nekakake karahayon tumrap kowe dalah sabrayatmu kabeh.

15. Sareng kula wiwit wicanten, tiyang-tiyang wau lajeng sami katedhakan ing Roh Suci, sami kadosdene kita kala rumiyin.

16. Kula nunten kengetan dhateng pangandikaning Pangeran: Yokanan mbaptis nganggo banyu, nanging sira kabeh bakal kabaptis kalawan Roh Suci.

17. Dados manawi Gusti Allah maringaken rahmatipun dhateng tiyang-tiyang wau sami kadosdene dhateng kula nalika kita wiwit pitados dhateng Gusti Yesus Krsitus, kadospundi anggen kula saged nduwa dhateng Gusti Allah?”

18. Bareng krungu kang mangkono iku, banjur padha nrima sarta padha ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Dadine Gusti Allah uga paring patobat marang bangsa-bangsa liya, kang dadi marganing urip.”

19. Kacarita marga saka panganiaya kang tumuwuh sawuse Sang Stefanus kaukum pati, akeh sadulur kang padha buyar nganti tekan ing tanah Fenisia, ing pulo Siprus lan ing kutha Antiokhia, dene anggone ngabarake Injil mung marang wong Yahudi.

20. Nanging ana panunggalane sawatara wong Siprus lan wong Kirene, kang teka ing Antiokhia lan banjur mawan rembug uga karo wong-wong Yunani sarta martakake Injil kalawan pratela, yen Gusti Yesus iku Gusti.

21. Astaning Pangeran nunggil karo wong-wong mau, satemah akeh wong kang manjing pracaya sarta padha mratobat marang Gusti.

22. Pawarta bab wong-wong mau keprungu dening pasamuwan ing Yerusalem; Barnabas banjur kautus dening pasamuwan menyang ing Antiokhia.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 11