Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 1:11-26 Kitab Sutji (JAV)

11. kang tumuli mangandikani mangkene: “Heh, wong-wong Galilea, yagene kowe padha ngadeg tumenga marang langit? Gusti Yesus, kang sumengka marang ing swarga, nilar kowe kabeh iki, bakal rawuh maneh kanthi patrap kaya kang padha kokdeleng nalika Panjenengane minggah menyang ing swarga.”

12. Para rasul banjur padha bali menyang ing Yerusalem saka ing gunung Zaitun, kang saka ing Yerusalem dohe mung salakon ing dina Sabat.

13. Satekane ing kutha, nuli padha munggah menyang kamar ing dhuwur, kang dipondhoki, yaiku: Petrus lan Yokanan, Yakobus lan Andreas, Filipus lan Tomas, Bartolomeus lan Mateus, Yakobus anake Alfeus, lan Simon wong Zelot sarta Yudas anake Yakobus.

14. Kabeh padha saiyeg anggone mempeng ing pandonga, bebarengan karo wanita sawatara sarta ibu Maryam, kang ibune Gusti Yesus, tuwin para sadhereke Gusti Yesus.

15. Ing nalika samana Rasul Petrus banjur jumeneng ana ing satengahe para sadulur, kang lagi padha nglumpuk, cacahe watara satus rong puluh, sarta ngandika:

16. “He, para sadulur, pangandika ing Kitab Suci, kang kalairake dening Sang Roh Suci lumantar Sang Prabu Dawud, iku kudu kayektenan, yaiku bab Yudas, kang dadi pangiride wong-wong kang nyekel Gusti Yesus.

17. Maune iku klebu etung ana ing golonganku kabeh sarta melu nindakake bubuhan leladi iki.

18. Yudas iku wus tuku palemahan sarana opahing pialane, banjur tiba kerungkeb, wetenge bedhah, nganti jeroane metu kabeh.

19. Bab iku kasumurupan ing wong sa-Yerusalem kabeh, mulane palemahan mau banjur diarani nganggo basane wong-wong mau dhewe: “Hakal-Dama”, tegese Tanah-Getih.

20. Sabab ing kitab Masmur ana kang tinulis mangkene:Pemahanipun dadosa suwung,sampun ngantos wonten ingkang ngenggeni.Sarta:Kalenggahanipun kapendheta dening tiyang sanes.

21. Awit saka iku panunggalane kang tansah kekumpulan karo aku kabeh, sajrone Gusti Yesus tetunggilan karo aku iku,

22. yaiku wiwit saka pambaptise Nabi Yokanan nganti tekan ing dina sumengkane Gusti Yesus menyang ing swarga, nilar aku kabeh, anaa siji kang diwuwuhake marang kita, supaya melu dadi seksi bab wungune.”

23. Wong-wong banjur ngusulake wong loro: Yusuf kang karan Barsabas lan kang uga karan Yustus, tuwin Matias.

24. Kabeh nuli padha ndedonga lan munjuk: “Dhuh, Gusti, Paduka ingkang nguningani manahipun sadaya tiyang, mugi karsaa paring pitedah, tiyang kalih punika pundi ingkang Paduka pilih,

25. supados nampeni kalenggahan lelados, inggih punika kalenggahan rasul, ingkang katilar dening Yudas, ingkang sampun dhumawah ing panggenan ingkang samesthinipun tumrap piyambakipun punika.”

26. Banjur padha diundhi, satemah kang kena Matias. Iku nuli kagolongake karo para rasul sawelas.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 1