Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 1:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Teofilus, ing serat kula ingkang kapisan, kula nyariyosaken sadaya pakaryan lan piwulangipun Gusti Yesus,

2. ngantos dumugi ing dinten anggenipun kasengkakaken. Saderengipun Panjenenganipun sampun paring dhawuh lumantar Sang Roh Suci dhateng para rasul pepilihanipun.

3. Sareng sampun rampung anggenipun nandhang sangsara, Panjenenganipun lajeng ngatingal dhateng para rasul wau, sarta kalayan pratandha kathah paring bukti, bilih Panjenenganipun gesang. Amargi ngantos kawan dasa dinten laminipun anggenipun wongsal-wangsul ngatingal saha wawan pangandika bab Kratoning Allah kaliyan para rasul wau.

4. Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus dhahar bebarengan karo para rasul, iku padha ora diparengake ninggal kutha Yerusalem, sarta padha didhawuhi ana ing kono, ngenteni janjine Sang Rama, kang -- mangkene pangandikane -- “wis padha kokrungu saka Aku.

5. Sabab Yokanan iku anggone mbaptis nganggo banyu, nanging ora suwe maneh kowe bakal padha kabaptis kalawan Roh Suci.”

6. Para rasul kang padha kumpul iku nuli matur pitakon: “Gusti, punapa sapunika anggen Paduka badhe mulihaken karajan kangge Israel?”

7. Paring wangsulane: “Kowe ora prelu nyumurupi mangsa lan wektu, kang katamtokake dening Sang Rama piyambak, manut panguwaose.

8. Nanging kowe bakal padha tampa kasekten, samangsa Sang Roh Suci wus nedhaki marang kowe kabeh sarta kowe bakal padha dadi seksiKu ana ing Yerusalem lan ing satanah Yudea kabeh, sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ing pungkasaning bumi.”

9. Sawuse ngandika mangkono, Panjenengane nuli sinengkakake, sineksen dening para rasul, banjur wis ora katingal, amarga kaaling-alingan mega.

10. Nalika lagi padha tumenga ing langit ngawasake anggone Gusti sumengka iku, dumadakan ana priya loro jumeneng ing sacedhake, padha mangagem putih,

11. kang tumuli mangandikani mangkene: “Heh, wong-wong Galilea, yagene kowe padha ngadeg tumenga marang langit? Gusti Yesus, kang sumengka marang ing swarga, nilar kowe kabeh iki, bakal rawuh maneh kanthi patrap kaya kang padha kokdeleng nalika Panjenengane minggah menyang ing swarga.”

12. Para rasul banjur padha bali menyang ing Yerusalem saka ing gunung Zaitun, kang saka ing Yerusalem dohe mung salakon ing dina Sabat.

13. Satekane ing kutha, nuli padha munggah menyang kamar ing dhuwur, kang dipondhoki, yaiku: Petrus lan Yokanan, Yakobus lan Andreas, Filipus lan Tomas, Bartolomeus lan Mateus, Yakobus anake Alfeus, lan Simon wong Zelot sarta Yudas anake Yakobus.

14. Kabeh padha saiyeg anggone mempeng ing pandonga, bebarengan karo wanita sawatara sarta ibu Maryam, kang ibune Gusti Yesus, tuwin para sadhereke Gusti Yesus.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 1