Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kolose 4:10-18 Kitab Sutji (JAV)

10. Salam marang kowe saka Aristarkhus, kancaku kinunjara, lan saka Markus kaponakane Barnabas -- tumrap dheweke kowe rak wus tampa welingan -- iku yen nekani kowe tampanana.

11. Lan salam saka Yesus kang apeparab Yustus. Saka antarane para wong tetakan, iya mung wong telu iku rewangku nyambut-gawe kagem Kratone Gusti Allah; iku padha ndadekake lipuring atiku.

12. Salam saka Epafras marang kowe, dheweke asline saka ing antaramu, iku abdine Gusti Kristus Yesus, kang tansah ngganter anggone ndongakake kowe, supaya kowe tetep tanggon, kayadene wong-wong kang diwasa lan kang yakin temenan marang apa kang dadi karsane Gusti Allah.

13. Tumrap dheweke aku bisa aweh paseksi, bab anggone ngetog kekuwatan kanggo kowe lan para wong ing kutha Laodhikia lan ing kutha Hierapolis.

14. Salam marang kowe saka Lukas, dokter kang kinasih lan saka Dhemas.

15. Salamku marang para sadulur ing kutha Laodhikia; uga marang Nimfa lan pasamuwan kang ana ing omahe.

16. Sarta maneh samangsa layang iki wus diwacakake ana ing antaramu, arahen supaya diwacakake uga ana ing pasamuwan Laodhikia, lan layang kang marang Laodhikia supaya uga diwacakake ana ing ngarepmu.

17. Lan Arkhipus kandhanana mangkene: Poma gatekna, kwajiban leladi, kang wus koktampani ing sajroning Gusti iku supaya kok tetepana kalawan samesthine.

18. Salam saka aku Paulus. Salam iki daktulis nganggo tanganku dhewe. Elinga yen aku diblenggu. Sih-rahmat anaa ing kowe.

maca bab lengkap Kolose 4