Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kolose 4:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. He, para bandara, tumindaka adil lan jujur marang baturmu, elinga yen kowe uga duwe bandara ana ing swarga.

2. Sing tegen ndedonga, lan sajrone mangkono iku meleka kambi saos sokur.

3. Aku kabeh iya dongakna, supaya Gusti Allah maringi dalan tumrap anggonku padha nyebar pangandika, lan bisa nyaritakake bab kekerane Gusti Kristus, kang njalari anggonku kinunjara.

4. Sarana mangkono iku aku bisa njlentrehake bab mau ing samesthine.

5. Tumindaka kanthi sakehing kawicaksanan tumrap wong jaba, sarta padha nggemenana wektu.

6. Calathumu sing tansah kebak katresnan, aja cemplang, satemah kowe sumurup, kapriye anggonmu bakal mangsuli pitakone saben wong.

7. Bab kaananku sakabehe bakal diwartakake marang kowe kabeh dening Tikhikus, sadulur kita kang kinasih, abdi kang setya lan kanca leladi ana ing Gusti.

8. Dheweke dakkongkon nemoni kowe supaya kowe nyumurupi kaananku kabeh lan supaya nglipur atimu.

9. Lakune dakkantheni Onesimus, sadulur kita kang setya lan kinasih, wong saka ing antaramu, iku bakal padha martakake marang kowe samubarang kabeh kang kalakon ana ing kene.

10. Salam marang kowe saka Aristarkhus, kancaku kinunjara, lan saka Markus kaponakane Barnabas -- tumrap dheweke kowe rak wus tampa welingan -- iku yen nekani kowe tampanana.

11. Lan salam saka Yesus kang apeparab Yustus. Saka antarane para wong tetakan, iya mung wong telu iku rewangku nyambut-gawe kagem Kratone Gusti Allah; iku padha ndadekake lipuring atiku.

maca bab lengkap Kolose 4