Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kolose 3:8-15 Kitab Sutji (JAV)

8. Nanging saiki kabeh mau buwangen, yaiku nepsu, brangasan, piala, pitenah lan tembung-tembung saru kang kawetu saka cangkemmu.

9. Aja nganti kowe padha goroh-ginorohan maneh, marga kowe wus padha ngrucat kamanungsan lawas sapratingkahe,

10. lan wus ngrasuk kamanungsan anyar kang tansah binangun, supaya oleh kawruh sanyata kang miturut citrane Kang Nitahake;

11. ing kono wus ora ana wong Yunani utawa Yahudi, wong tetakan lan wong ikutan, wong Barbar utawa won Skit, batur tukon utawa mardika, nanging Gusti Kristus iku kang ngabehi lan ana ing samubarang kabeh.

12. Mulane sarehne kowe wus padha dadi pepilihane Gusti Allah, kang wus kasucekake lan kinasihan, padha nyandhanga asih welas, kaloman, andhap-asor, alusing bebuden lan sabar.

13. Padha sabar-sinabarana kayadene Gusti Allah anggone wus ngapura kowe, kowe iya tumindaka mangkono uga.

14. Lan kang ngungkuli sakabehe iku: nindakna katresnan, iku kang ngesuhi lan nyampurnakake.

15. Muga tentrem-rahayune Gusti Kristus ngereh ana ing sajroning atimu, marga iya kaya mangkono iku anggonmu padha katimbalan dadi badan siji. Sarta saosa sokur.

maca bab lengkap Kolose 3