Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kolose 2:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Amarga karepku, supaya kowe padha sumurupa, sapira abote perang kang daktindakake kanggo kowe lan para wong kang ana ing Laodhikia, lan iya kanggo sapa bae kang durung tau weruh marang pribadiku tata lair,

2. supaya padha lipura atine, lan padha manunggal sajroning katresnan, satemah bisa nyandhak kasugihaning kawruh kanthi yakin lan nyumurupi kekerane Gusti Allah yaiku Gusti Kristus,

3. sabab ana ing Panjenengane sumimpene raja-brana kawicaksanan lan kawruh.

4. Bab iki daklairake marang kowe, supaya aja nganti ana wong kang mblithuk kowe nganggo pitembungan kang endah.

5. Sabab sanadyan aku dhewe ora ana ing tengahmu, nanging ana ing sajroning roh aku lan kowe padha tetunggalan, lan aku rumangsa bungah nyumurupi tumataning uripmu lan kasantosaning pracayamu marang Gusti Yesus.

6. Kowe wus padha nampani Gusti Kristus Yesus, Gusti kita, mulane uripmu tetepa ana ing Panjenengane,

7. dinganti ngoyod lan kabangun, ana ing Panjenengane, muga kowe saya wuwuh kasantosanmu ana ing pracaya kang wus diwulangake marang kowe, lan muga atimu kebak panuwun.

8. Diprayitna, aja nganti ana kang nawan kowe nganggo ngelmu rerekan lan piwulang palsu kang tanpa isi manut wulange ila-ila lan roh-rohing jagad, kang ora manut marang Gusti Kristus.

9. Panjenengane iku kadunungan Kaallahan sawetahe kang kasarira,

10. lan kowe wus padha kapenuhan ana ing Panjenengane, kang jumeneng sesirahe sarupaning pamarentah lan panguwasa.

11. Ana ing Panjenengane anggonmu padha katetakan, dudu tetak kang katindakake dening manungsa, nanging sarana supite Gusti Kristus kang awujud pangrucating badan kang kadosan,

maca bab lengkap Kolose 2