Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kolose 2 Kitab Sutji (JAV)

1. Amarga karepku, supaya kowe padha sumurupa, sapira abote perang kang daktindakake kanggo kowe lan para wong kang ana ing Laodhikia, lan iya kanggo sapa bae kang durung tau weruh marang pribadiku tata lair,

2. supaya padha lipura atine, lan padha manunggal sajroning katresnan, satemah bisa nyandhak kasugihaning kawruh kanthi yakin lan nyumurupi kekerane Gusti Allah yaiku Gusti Kristus,

3. sabab ana ing Panjenengane sumimpene raja-brana kawicaksanan lan kawruh.

4. Bab iki daklairake marang kowe, supaya aja nganti ana wong kang mblithuk kowe nganggo pitembungan kang endah.

5. Sabab sanadyan aku dhewe ora ana ing tengahmu, nanging ana ing sajroning roh aku lan kowe padha tetunggalan, lan aku rumangsa bungah nyumurupi tumataning uripmu lan kasantosaning pracayamu marang Gusti Yesus.

Kasampurnaning urip ana ing Gusti Kristus

2:6-15

6. Kowe wus padha nampani Gusti Kristus Yesus, Gusti kita, mulane uripmu tetepa ana ing Panjenengane,

7. dinganti ngoyod lan kabangun, ana ing Panjenengane, muga kowe saya wuwuh kasantosanmu ana ing pracaya kang wus diwulangake marang kowe, lan muga atimu kebak panuwun.

8. Diprayitna, aja nganti ana kang nawan kowe nganggo ngelmu rerekan lan piwulang palsu kang tanpa isi manut wulange ila-ila lan roh-rohing jagad, kang ora manut marang Gusti Kristus.

9. Panjenengane iku kadunungan Kaallahan sawetahe kang kasarira,

10. lan kowe wus padha kapenuhan ana ing Panjenengane, kang jumeneng sesirahe sarupaning pamarentah lan panguwasa.

11. Ana ing Panjenengane anggonmu padha katetakan, dudu tetak kang katindakake dening manungsa, nanging sarana supite Gusti Kristus kang awujud pangrucating badan kang kadosan,

12. marga ana ing Panjenengane kowe padha ndherek kakubur sarana baptis, lan ana ing Panjenengane ndherek katangekake dening pracayamu marang panguwasa pakaryane Gusti Allah, kang wus ngwungokake Panjenengane saka antarane wong mati.

13. Mangkono uga kowe, sanadyan ing maune kowe padha mati dening panerakmu lan ora tetak sacara lair, wus diuripake dening Gusti Allah bareng lan Panjenengane, yaiku sawuse Panjenengane ngapura sakehing panerak kita,

14. sarana nyirnakake layang pratandha utang, kang adhedhasar undhang-undhang kang ndakwa lan ngancam marang kita. Dene iku wus dilebur sarana kapaku ana ing kayu salib.

15. Panjenengane wus mblejedi para pamarentah lan para panguwasa, lan padha kadadekake pangewan-ewan, amarga wus padha dikalahake.

Ngupayaa bandha kang ana ing ngaluhur

2:16--3:4

16. Sarehne mangkono aja nganti ana wong kang ngukumi kowe bab mangan lan ngombe, utawa bab dina riyaya, sasi anyar lan dina Sabat.

17. Sabab iku kabeh mung dadi wewayangane apa kang bakal kalakon, mangka wujude yaiku Gusti Kristus.

18. Aja nganti kaunggulanmu iku diwurungake dening wong kang rewa-rewa andhap-asor lan memuja marang malaekat, lan maneh ngaku-aku ndeleng marang kaanan kang ora katon, apadene tanpa waton anggone gumunggung dening pamikire kang cara kadonyan,

19. mangka dheweke ora ngugemi marang Sesirah, kang dadi jalarane badan sakojur saya mundhak marga saka sawabing Allah, sabab katuwak lan tinalenan dadi siji dening urat lan ros-rosan.

20. Yen kowe wus ndherek mati ana ing sedane Gusti Kristus, lan luwar saka para rohing jagad, yagene kowe kok isih nurut marang pranatan rupa-rupa, kang ing semu kayadene kowe isih padha urip ana ing donya,

21. kayata: aja ndhemek iki, aja ngicipi kuwi, aja nyenggol iki,

22. kabeh iku mung tumrap barang kang kena ing rusak sajrone kagunakake, lan mung nuruti piweling lan piwulange manungsa.

23. Pranatan-pranatan mau sanadyan ing semu kebak isi kawicaksanan, nganggo pangibadah rerekane dhewe, kayata: andhap-asor, nyiksa-awak, iku ora ana paedahe kajaba mung kanggo pamareming urip kadonyan.