Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kolose 1:9-21 Kitab Sutji (JAV)

9. Marga saka iku, wiwit aku oleh pawarta mau, ora pegat anggonku ndongakake kowe. Kang daksuwun supaya kowe kaparingana sakabehing kawicaksanan lan kawruh kasukman kanggo nyumurupi bab karsane Pangeran kang kalawan sampurna,

10. temah uripmu ana ing ngarsane bisa kalawan sapatute lan ndadekake keparenge tumrap sadhengah prakara, lan sajrone nindakake sakabehing panggawe becik bisa metokake woh, lan maneh saya mundhak murni kawruhmu ing bab Gusti Allah,

11. lan maneh kowe padha kasantosakna sarana kakuwatan panguwasaning kamulyane Pangeran, supaya bab anggonmu ngrasakake samubarang kabeh kalawan tumemen lan sabar.

12. Sabanjure padha saosa sokur kanthi bungah marang Sang Rama, kang wus memantes marang kowe bisane kapanduman apa kang wus katamtokake tumrap marang para suci kang ana ing kratoning pepadhang.

13. Panjenengane wus ngluwari kita saka panguwasaning pepeteng, kaelih menyang kratone Sang Putra kang kinasih.

14. Ana ing Panjenengane anggon kita nduweni tetebusan, yaiku pangapuraning dosa.

15. Panjenengane iku citrane Gusti Allah kang ora katingal, kang pambayun, kang luwih pinunjul tinimbang samubarang kabeh kang dititahake,

16. marga dumadine samubarang kabeh iku dening Panjenengane, iya kang ana ing swarga, iya kang ana ing bumi, kang kasat mripat, lan kang ora kasat mripat, dadia awujud dhampar dadia kaprabon, apadene para pamarentah lan para panguwasa; samubarang kabeh katitahake dening Panjenengane lan lumadi marang Panjenengane;

17. Panjenengane iku anane sadurunge samubarang kabeh ana, lan samubarang kabeh iku anane ana ing Panjenengane;

18. Panjenengane iku jumeneng dadi sesirahing sarira, yaiku pasamuwan. Panjenengane dadi pambayun, kang ndhisiki wungu saka ing antarane wong mati, mulane kasebut pinunjul piyambak ing antarane samubarang kabeh.

19. Marga kawontenane Allah ing sawetahe kepareng dedalem ana ing Panjenengane,

20. kang ngrukunake samubarang kabeh karo sarirane, kang ana ing bumi lan kang ana ing swarga; yaiku sawuse ngawontenake pirukun sarana rohe Gusti Kristus kang sinalib.

21. Mangkono uga kowe kabeh kang maune urip adoh karo Gusti Allah, sajroning ati lan pikiranmu lumawan marang Panjenengane, kacihna saka panggawemu kang ala,

maca bab lengkap Kolose 1