Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kolose 1:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Saka Paulus, rasule Gusti Kristus Yesus, kang marga dening karsane Gusti Allah, lan saka sadulur kita Timoteus,

2. marang para sadulur kang suci lan kang pracaya ana ing patunggilane Gusti Kristus, kang ana ing Kolose.Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita, anaa ing kowe kabeh.

3. Aku tansah padha saos sokur marang Gusti Allah, Kang Ramane Gusti kita Yesus Kristus, lan ora pegat tansah ndongakake kowe,

4. awit aku wus padha krungu bab pracayamu ana ing Gusti Kristus Yesus, mangkono uga bab katresnanmu marang para suci,

5. kagawa saka pangarep-arep marang apa kang wus digadhangake marang kowe ana ing swarga. Mungguh pangarep-arep mau ing sadurunge wus kokrungu saka ing Pangandikaning kayekten yaiku Injil,

6. kang wus padha koktampani. Injil mau metokake woh lan mekar nyrambahi ing sajagad, malah iya tekan ing antaramu wiwit ing dina anggonmu krungu lan mangreti temenan marang sih-rahmate Gusti Allah.

7. Sakabehe iku mau sumurupmu saka Epafras kancaku leladi kang daktresnani, kang tumrap ing kowe dadi paladose Gusti Kristus kang setya.

8. Iya dheweke iku kang martani aku bab katresnanmu ana ing patunggilane Roh.

9. Marga saka iku, wiwit aku oleh pawarta mau, ora pegat anggonku ndongakake kowe. Kang daksuwun supaya kowe kaparingana sakabehing kawicaksanan lan kawruh kasukman kanggo nyumurupi bab karsane Pangeran kang kalawan sampurna,

maca bab lengkap Kolose 1