Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 9:17-28 Kitab Sutji (JAV)

17. Sabab sawijining layang wasiyat iku lagi bisa sah, manawa kang gawe wasiyat iku wus ngajal, sabab wasiyat iku ora tumindak, salawase kang gawe wasiyat mau isih urip.

18. Yaiku sababe, dene prajanjian kang wiwitan ora disahake tanpa getih.

19. Awitdene nalika Nabi Musa wus ndhawuhake sakehe pepakon angger-anggering Toret marang umat kabeh, banjur mendhet getihing pedhet lan getihing wedhus lanang sarta banyu lan wulu abang sarta isop, banjur dikepyurake piyambak ing kitab iku sarta marang umat kabeh,

20. kalawan ngandika: “Iki getihing prajanjian kang katetepake dening Allah tumrap kowe.”

21. Mangkono uga tarube lan sakehe piranti kang kanggo ing pangibadah iya padha dikepyuri getih.

22. Sarta manut angger-anggering Toret meh samubarang kabeh karesikake srana getih sarta ora ana pangapura manawa tanpa wutahing getih.

23. Dadi gegambarane samubarang kabeh kang ana ing swarga iku kudu kasucekake kalawan patrap mangkono iku, nanging barang-barang kaswargan dhewe kasucekake srana kurban kang luwih becik tinimbang iku.

24. Sabab Sang Kristus ora mlebet ing sajroning pasucen gaweaning tangane manungsa kang mung dadi gegambarane kang sejati, nanging mlebet ing swarga piyambak prelu sowan ing ngarsane Gusti Allah kanggo kapreluan kita.

25. Sarta Panjenengane ora mlebet prelu bola-bali ngurbanake sarirane piyambak, kayadene Imam Agung kang saben taun lumebet ing pasucen ngasta getih kang dudu rahe piyambak.

26. Jalaran manawa mangkono Gusti kudu bola-bali anggone nandhang sangsara wiwit jagad iki dititahake. Nanging saiki Panjenengane mung sapisan anggone nglairake sarirane, yaiku ing jaman wekasan, prelu mbirat dosa srana kurbane piyambak.

27. Sarta padha kayadene manungsa katetepake mati mung sapisan bae, lan sawise iku diadili,

28. mangkono uga Sang Kristus iya mung sapisan bae anggone ngurbanake sarirane prelu nanggel dosane wong akeh. Sawise iku bakal ngatingal sapisan engkas ora prelu nanggel dosa, nanging prelu maringake karahayon marang wong kang padha nganti-anti marang Panjenengane.

maca bab lengkap Ibrani 9