Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 9:13-21 Kitab Sutji (JAV)

13. Jalaran, manawa getihing wedhus lanang sarta getihing sapi lanang lan kepyuraning awune pedhet iku ndadekake sucine wong kang najis, satemah padha kasucekake tata lair,

14. mendahane maneh rahe Gusti Kristus, kang marga dening Roh kang langgeng wus ngurbanake sarirane piyambak konjuk ing Allah minangka pisungsung kang tanpa cacad, iku rak mesthi bakal ngresiki rumangsaning ati kita saka pratingkah-pratingkah kang tanpa guna, supaya kita bisa ngabekti marang Gusti Allah kang asipat gesang?

15. Mulane Panjenengane jumeneng Pantawise prajanjian kang anyar, supaya wong-wong kang wus katimbalan padha bisaa tampa warisan langgeng kang kaprasetyakake, amarga Panjenengane wus seda kanggo nebus panerak-panerak kang ditindakake ing sajrone prajanjian kang wiwitan.

16. Jalaran manawa ana layang wasiyat, ing kono kudu dipratelakake matine kan gawe wasiyat iku.

17. Sabab sawijining layang wasiyat iku lagi bisa sah, manawa kang gawe wasiyat iku wus ngajal, sabab wasiyat iku ora tumindak, salawase kang gawe wasiyat mau isih urip.

18. Yaiku sababe, dene prajanjian kang wiwitan ora disahake tanpa getih.

19. Awitdene nalika Nabi Musa wus ndhawuhake sakehe pepakon angger-anggering Toret marang umat kabeh, banjur mendhet getihing pedhet lan getihing wedhus lanang sarta banyu lan wulu abang sarta isop, banjur dikepyurake piyambak ing kitab iku sarta marang umat kabeh,

20. kalawan ngandika: “Iki getihing prajanjian kang katetepake dening Allah tumrap kowe.”

21. Mangkono uga tarube lan sakehe piranti kang kanggo ing pangibadah iya padha dikepyuri getih.

maca bab lengkap Ibrani 9