Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 9:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene mungguh prajanjian kang wiwitan iku uga pancen ana pranatan-pranatane ing bab pangibadah sarta ing bab pasucen gaweaning manungsa.

2. Jalaran ana tarub kang kapasang rakit, perangane kang ngarep dhewe ana ajug-ajuge lan meja kanggo roti sesaosan. Perangan iki kaaranan pasucen.

3. Ing saburine gubah kang kapindho ana tarube maneh siji kang diarani pasucen kang pinunjul.

4. Ing kono ana misbyahe padupan emas sarta pethi prasetyan kang kalapis emas bleg; ing jerone ana gucine emas isi manna sarta lantarane Imam Agung Harun kang wus tau semi sarta watu blebekan prasetyan,

5. lan ing sadhuwure ana kerube kamulyan loro kang ngaubi tutup pangruwatan. Nanging prakara iki ing samengko ora bisa kita critakake kanthi wijang.

6. Iya mangkono iku anggone nata papan kang suci iku. Dene para imam tansah lumebu ing perangan tarub kang ngarep prelu nindakake pangibadahe,

maca bab lengkap Ibrani 9