Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 8:10-13 Kitab Sutji (JAV)

10. “Iya iki prajanjian kang bakal Sunanakake kalawan turune Israel sawise wektu iku,” mangkono pangandikane Pangeran.“Angger-anggeringSun bakal Sunparingake ana ing budine,sarta Sunserati ing atine, dene Ingsun bakal jumeneng Allahe sarta wong-wong iku bakal dadi umatingSun.

11. Sarta wong-wong iku ora bakal padha mulang maneh marang pepadhane warga utawa marang pepadhane sadulur kanthi ngucap:Wanuha marang Pangeran! Amarga kang cilik dalah kang gedhe kabeh bakal padha wanuh marang Ingsun.

12. Awitdene Ingsun bakal nandukake sih-piwelas marang kaluputane sarta ora bakal ngengeti marang dosa-dosane.”

13. Sarehne Panjenengane ngandika bab prajanjian anyar, mulane iya mratelakake manawa kang dhisik iku prajanjian kang wis dadi lawas, sarta apa kang dadi lawas lan kawak iku wis cepak sirnane.

maca bab lengkap Ibrani 8