Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 8:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Wose apa kang kita rembug iku mangkene: kita padha duwe Imam Agung kang kaya mangkono, kang lenggah ing satengene dhampare kang Mahaagung ing swarga,

2. sarta kang ngladosi pangibadah ing panggonan kang suci, yaiku ing sajrone tarub kang sejati, yasane Gusti Allah sarta dudu gaweaning manungsa.

3. Jalaran saben Imam Agung kapatah nyaosake kurban sarta pisungsung, mulane Gusti Yesus uga prelu kagungan kang dipisungsungake.

4. Saupama Panjenengane ana ing bumi iki, Panjenengane babar pisan ora bakal jumeneng Imam, amarga ing kene wus ana para imam kang padha nyaosake pisungsung manut angger-anggering Toret.

5. Anggone padha leladi iku minangka gambar lan wewayangane barang kaswargan, padha kaya kang kapangandikakake marang Nabi Musa, nalika bakal ngadani yasa tarub: “Dieling,” mangkono dhawuhe, “kabeh iku kudu sira gawe manut pola kang wus katuduhake marang sira ana ing dhuwur gunung iku.”

6. Nanging saiki Panjenengane wus tampa kaimaman kang luwih dening agung, marga Panjenengane jumeneng Pantaraning prasetyan kang luwih mulya, kang alandhesan prasetya kang luwih luhur.

maca bab lengkap Ibrani 8