Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 7:21-28 Kitab Sutji (JAV)

21. nanging Panjenengane nganggo supaos, kang dilairake dening Panjenengane, kang ngandika:“Pangeran wus supaos sarta Panjenengane ora bakal keduwung:Sira iku Imam ing salawas-lawase” --

22. mangkono uga Gusti Yesus wus dadi tetanggelaning prajanjian kang luwih kuwat.

23. Karodene kang dadi imam iku cacahe akeh, awit ora bisa lestari anggone jumeneng, jalaran kepalang ing pati.

24. Nanging, sarehne Panjenengane tetep jumeneng salawas-lawase, kaimamane ora bisa lumengser marang wong liya.

25. Mulane Panjenengane uga saged mitulungi rahayu kalawan sampurna marang sakehing wong kang sowan ing ngarsane Gusti Allah lumantar Panjenengane. Jalaran Panjenengane gesang ing salawase prelu jumeneng dadi Pantarane wong-wong mau.

26. Sabab iya Imam Agung kang kaya mangkono iku kang kita butuhake, yaiku kang suci, tanpa salah, tanpa blentong, kang pinisah karo para wong dosa sarta ngungkuli sungsun-sungsune swarga,

27. kang ora kaya para imam agung liyane, kang saben-saben kudu nyaosake kurban tumrap dosane dhewe lan sawise iku lagi tumrap dosane umate, sabab prakara iku wus katindakake dening Panjenengane sapisan kanggo salawase nalika Panjenengane ngaturake sarirane piyambak minangka kurban.

28. Sabab angger-anggering Toret iku netepake para wong kang nandhang kaapesan dadi imam agung, nanging supaos, kang kalairake sawuse angger-anggering Toret, iku njumenengake Sang Putra, kang wus sampurna ing salawas-lawase.

maca bab lengkap Ibrani 7