Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 7:11-27 Kitab Sutji (JAV)

11. Marga saka iku, saupama kaimamane Lewi wis ngolehake kasampurnan -- jalaran marga kaimaman iku, umat Israel wis tampa Toret -- apa sababe dene isih ana Imam Agung liyane kang katetepake manut tatane Sang Melkisedhek sarta ora kasebut manut tatane Imam Agung Harun?

12. Sabab, manawa salin kaimaman, samesthine angger-anggering Toret bakal salin uga.

13. Sabab Panjenengane, kang dikarepake ing kene iki, kalebu taler liya, saka taler iki ora ana sing tau ngladeni ing misbyah.

14. Amarga wus disumurupi dening kabeh wong, manawa Gusti kita iku trah saka Yahuda; dene tumrap taler iki Nabi Musa ora tau mangandikakake apa-apa bab kaimaman.

15. Sarta bab iku saya tetela maneh, manawa ana imam liyane kang jumeneng manut tatane Sang Melkisedhek,

16. kang dadi imam ora alandhesan pranataning manungsa, nanging alandhesan urip kang ora bisa lebur.

17. Sabab tumrap Panjenengane ana paseksen mangkene:“Sira iku dadi Imam ing salawas-lawase,manut tatane Melkisedhek.”

18. Pancen, sawijining tatanan kang kapacak dhisik iku dibatalake, manawa ora nduweni kakuwatan sarta tanpa guna,

19. -- sabab angger-anggering Toret iku babar pisan ora nggawa kasampurnan -- nanging saiki kathukulake pangarep-arep kang luwih prayoga, kang nyaketake kita kalawan Gusti Allah.

20. Sarta kayadene bab iki anggone dumadi ora tanpa supata -- wong-wong iku anggone dadi imam pancen tanpa supata,

21. nanging Panjenengane nganggo supaos, kang dilairake dening Panjenengane, kang ngandika:“Pangeran wus supaos sarta Panjenengane ora bakal keduwung:Sira iku Imam ing salawas-lawase” --

22. mangkono uga Gusti Yesus wus dadi tetanggelaning prajanjian kang luwih kuwat.

23. Karodene kang dadi imam iku cacahe akeh, awit ora bisa lestari anggone jumeneng, jalaran kepalang ing pati.

24. Nanging, sarehne Panjenengane tetep jumeneng salawas-lawase, kaimamane ora bisa lumengser marang wong liya.

25. Mulane Panjenengane uga saged mitulungi rahayu kalawan sampurna marang sakehing wong kang sowan ing ngarsane Gusti Allah lumantar Panjenengane. Jalaran Panjenengane gesang ing salawase prelu jumeneng dadi Pantarane wong-wong mau.

26. Sabab iya Imam Agung kang kaya mangkono iku kang kita butuhake, yaiku kang suci, tanpa salah, tanpa blentong, kang pinisah karo para wong dosa sarta ngungkuli sungsun-sungsune swarga,

27. kang ora kaya para imam agung liyane, kang saben-saben kudu nyaosake kurban tumrap dosane dhewe lan sawise iku lagi tumrap dosane umate, sabab prakara iku wus katindakake dening Panjenengane sapisan kanggo salawase nalika Panjenengane ngaturake sarirane piyambak minangka kurban.

maca bab lengkap Ibrani 7