Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 7:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Awitdene Sang Melkisedhek iku ratu ing Salem sarta imame Kang Mahaluhur, kang methukake sarta mberkahi Rama Abraham nalika Rama Abraham kondur saka anggone ngalahake para raja.

2. Rama Abraham uga nyaosake saprasapuluhe samubarang marang panjenengane. Manut tegese asma Melkisedhek iku sapisan ateges ratuning kaadilan, sarta uga ratu ing Salem, yaiku ratuning tentrem-rahayu,

3. kang tanpa Rama, tanpa ibu, tanpa sarasilah, kang ora ana wiwitaning dinane sarta wekasaning yuswane, sarta sarehne panjenengane kadadekake padha karo Putrane Gusti Allah, dadine lestari jumeneng imam ing salawase.

4. Mara padha pikiren, saiba luhure Sang Melkisedhek iku, dene Rama Abraham leluhur kita nganti nyaosi saprasapuluhe sakehing jarahan kang becik dhewe.

5. Dene mungguh para turune Lewi kang padha tampa kalungguhan imam, iku manut angger-anggering Toret, kawajibake nglumpukake pisungsung prasapuluhan saka umat Israel, yaiku para sadulure, sanadyan wong-wong iki uga tedhake Rama Abraham.

6. Nanging Sang Melkisedhek, kang ora tunggal turun karo wong-wong iku, mundhut prasapuluhan marang Rama Abraham sarta mberkahi panjenengane, sanadyan sing kagungan prasetya iku.

7. Pancen wis ora kena dipadoni, manawa kang luwih asor diberkahi dening kang luwih luhur.

8. Sarta ana ing kene kang tampa prasapuluhan iku wong kang padha kena ing pati, dene ana ing kana Panjenengane, kang kaseksenan manawa gesang.

9. Malah kena dikandhakake: Lewi kang wenang nampani pisungsung iku iya saos pisungsung lantaran Rama Abraham,

10. amarga Lewi isih ana ing garbane leluhure nalika Sang Melkisedhek methukake leluhure mau.

11. Marga saka iku, saupama kaimamane Lewi wis ngolehake kasampurnan -- jalaran marga kaimaman iku, umat Israel wis tampa Toret -- apa sababe dene isih ana Imam Agung liyane kang katetepake manut tatane Sang Melkisedhek sarta ora kasebut manut tatane Imam Agung Harun?

12. Sabab, manawa salin kaimaman, samesthine angger-anggering Toret bakal salin uga.

13. Sabab Panjenengane, kang dikarepake ing kene iki, kalebu taler liya, saka taler iki ora ana sing tau ngladeni ing misbyah.

maca bab lengkap Ibrani 7