Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 6:8-15 Kitab Sutji (JAV)

8. nanging manawa bumi iku nuwuhake bebondhotan lan rerungkudan, iku tanpa guna sarta cepak kena ing supata, kang wekasane kaobong.

9. Ewadene, he para kekasihku, sanadyan aku padha pitutur mangkono marang kowe, aku padha mesthekake, manawa kowe padha duwe bab-bab kang luwih becik sarta kang isi karahayon.

10. Amarga Gusti Allah ora kurang adil, nganti Panjenengane banjur kesupen marang ing panggawemu lan katresnanmu kang koklairake kagem asmane srana anggonmu padha ngladeni para suci, kang isih koklakoni nganti saprene iki.

11. Nanging kang padha dakarep-arep sawiji-wijining panunggalanmu supaya nelakake kataberen kang kaya mangkono iku satemah pangarep-arepmu bisa kagayuh sakatoge, nganti tumeka ing wekasan,

12. supaya kowe aja padha sungkanan, nanging padha nulada marang wong kang awit saka pracaya lan sabar mantep padha oleh panduman apa kang wus kaprasetyakake dening Gusti Allah.

13. Awitdene nalika Gusti Allah maringake prasetyane marang Rama Abraham, banjur supaos demi Panjenengane piyambak, sarehne ora ana manungsa kang ngungkuli Panjenengane,

14. pangandikane: “Ing sayektine sira bakal Sunberkahi nganti luber sarta sira bakal Suntangkarake dadi akeh banget.”

15. Rama Abraham ngentosi kanthi sabar sarta marga saka mangkono banjur tampa apa kang kaprasetyakake.

maca bab lengkap Ibrani 6