Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 6:4-8 Kitab Sutji (JAV)

4. Sabab mungguh wong-wong kang wus tau kapadhangan atine

5. kang wus tau ngrasakake peparinging kaswargan sarta kang wus tau kapanduman Roh Suci, lan kang wus ngrasakake pangandikane Gusti Allah kang utama sarta dayane jagad kang bakal kalakon,

6. nanging kang padha murtad maneh, iku ora bisa dianyarake sapisan engkas, satemah padha mratobat, amarga prasasat nyalib Putrane Allah maneh kanggo awake dhewe, sarta ngremehake Panjenengane ing ngarepane wong akeh.

7. Sabab bumi kang nesep banyu udan kang kerep tumiba ing dhuwure, kang metokake tanem tuwuh kang maedahi tumrap kang nggarap iku, tampa berkah saka Gusti Allah;

8. nanging manawa bumi iku nuwuhake bebondhotan lan rerungkudan, iku tanpa guna sarta cepak kena ing supata, kang wekasane kaobong.

maca bab lengkap Ibrani 6