Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 5:6-14 Kitab Sutji (JAV)

6. iya kaya pangandikane ing ayat liyane maneh mangkene:“Sira iku dadi Imam salawas-lawase,manut tatane Melkisedhek.”

7. Nalika sugenge ana ing daging, Panjenengane wus ngaturake pandonga sarta panyuwun kanthi muwun lan sesambat marang Panjenengane, kang kuwaos milujengake saka pati, sarta marga saka kamursidane Panjenengane wus dipidhangetake.

8. Sarta sanadyan Panjenengane iku Sang Putra, ewasamono wus sinau mbangun-miturut saka anggone nandhang sangsara,

9. lan sawise nggayuh kasampurnane, Panjenengane dadi jalarane karahayon kang langgeng tumrap sakehing wong kang mituhu marang Panjenengane,

10. sarta Panjenengane katimbalan dadi Imam Agung dening Gusti Allah, manut tatane Sang Melkisedhek.

11. Mungguh prakara iku akeh sing kudu padha dakkandhakake, ananging angel diterangake, marga kowe wis padha dadi alot ing pangrungumu.

12. Sabab sanadyana kowe sabenere wus padha dadi guru, yen kapirid saka ing wektu, ewadene kowe isih prelu diwulang maneh bab dhasar-dhasaring pangandikane Gusti Allah sarta kowe isih butuh banyu susu, dudu pangan kang akas.

13. Amarga sing sapa isih butuh banyu susu, iku durung ngerti piwulang bab kabeneran, sabab isih dadi bayi suson.

14. Nanging pangan kang akas iku kanggo para wong diwasa, kang duwe pancadriya kang wis digladhi mbedakake kang becik sarta kang ala.

maca bab lengkap Ibrani 5