Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 5:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Awitdene saben imam agung, kang kapiji saka ing antarane manungsa, iku katetepake kanggo manungsa minangka pantaraning manungsa karo Gusti Allah, supaya nyaosake pisungsung sarta kurban tumrap dosa.

2. Panjenengane kudu bisa melu ngraosake kaanane para wong bodho lan para wong kang kesasar, amarga panjenengane piyambak uga kebak ing kaapesan,

3. kang ngudokake saos kurban tumrap dosa, ora mung kanggo para umat, nanging uga kagem panjenengane piyambak.

4. Sarta ora ana wong kang ngalap drajat iku kanggo awake dhewe, nanging katimbalan dening Gusti Allah kaya kang wis kalakon tumrap Imam Agung Harun.

5. Mangkono uga Sang Kristus ora mulyakake sarirane piyambak sarana jumeneng Imam Agung, nanging kamulyakake dening Panjenengane kang mangandikani:“Sira iku PutraningSun!Sira wus Sunputrakake ing dina iki,”

6. iya kaya pangandikane ing ayat liyane maneh mangkene:“Sira iku dadi Imam salawas-lawase,manut tatane Melkisedhek.”

7. Nalika sugenge ana ing daging, Panjenengane wus ngaturake pandonga sarta panyuwun kanthi muwun lan sesambat marang Panjenengane, kang kuwaos milujengake saka pati, sarta marga saka kamursidane Panjenengane wus dipidhangetake.

8. Sarta sanadyan Panjenengane iku Sang Putra, ewasamono wus sinau mbangun-miturut saka anggone nandhang sangsara,

9. lan sawise nggayuh kasampurnane, Panjenengane dadi jalarane karahayon kang langgeng tumrap sakehing wong kang mituhu marang Panjenengane,

10. sarta Panjenengane katimbalan dadi Imam Agung dening Gusti Allah, manut tatane Sang Melkisedhek.

11. Mungguh prakara iku akeh sing kudu padha dakkandhakake, ananging angel diterangake, marga kowe wis padha dadi alot ing pangrungumu.

maca bab lengkap Ibrani 5