Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 4:7-16 Kitab Sutji (JAV)

7. Mulane Gusti Allah nemtokake sawijining dina maneh, yaiku “dina iki”, nalika Panjenengane wus samono lawase anggone ngandika lumantar Prabu Dawud, kaya kang wus kasebut ing dhuwur:“Ing dina iki, manawa sira padha krungu swarane, aja padha mangkotake atinira!”

8. Jalaran, saupama Hakim Yusak wus nglebokake wong-wong iku marang ing palereman, mesthi sawuse mangkono Gusti Allah ora bakal mangandikakake dina liyane maneh.

9. Dadi isih ana dina palereman, dina kapitu kanggo umate Gusti Allah.

10. Awit sing sapa wis lumebu ing papan paleremane Allah, wong iku dhewe wis leren saka sakehing pagaweane, padha kaya Gusti Allah anggone kendel saka pakaryane.

11. Mulane luwih becik manawa kita mbudi-daya lumebu sajroning palereman iku, supaya aja nganti ana kang tiba amarga nyonto marang pambalela iku uga.

12. Sabab pangandikane Gusti Allah iku gesang lan santosa sarta luwih landhep tinimbang sakabehing pedhang kang landhep kiwa-tengen. Tumamane bebles nganti misahake nyawa lan roh, ros-rosan-ros-rosan lan sungsum; bisa mbedakake panimbang lan pangangen-angening ati kita.

13. Sarta ora ana titah kang sinamar ana ing ngarsane, jalaran samubarang kabeh katon ngeblak lan bukakan ana ing ngarsane paningale kang mundhut panjawab marang kita.

14. Sarehne kita padha duwe Imam Agung kang pinunjul, kang wis sumengka nratas nglangkungi sakehing langit, yaiku Gusti Yesus, Putraning Allah, mulane kita padha ngantepana ing sahadat kita.

15. Awit Imam Agung kita iku dudu imam agung kang ora bisa ngrasakake sakehing kaapesan kita nanging malah kang padha karo kita; Panjenengane wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa.

16. Kang iku payo padha sowan kalawan kendel marang dhamparing sih-rahmat, supaya kita oleh palimirma sarta nemu sih-rahmat kang njalari kita kapitulungan ing mangsa kang becik.

maca bab lengkap Ibrani 4