Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 3:8-13 Kitab Sutji (JAV)

8. aja padha mangkotake atinira, kaya anane panggrundel, ing nalika jaman panyoba ana ing pasamunan,

9. ing kono leluhurira padha nyoba marang Ingsun, kanthi cara ndadar Ingsun,sanadyan padha weruh pakaryan-pakaryaningSun,

10. lawase patang puluh taun.Yaiku sababe Ingsun duka marang golongan iku sarta ngandika: Wong-wong iku tansah nasar atine,sarta padha ora nyumurupi marginingSun,

11. temahan Ingsun supaos sajroning bebenduningSun:Wong-wong iku ora bakal mlebu ing panggonan paleremaningSun.”

12. He, para sadulur, pada diwaspada, supaya ing antaramu aja ana kang kadunungan ati ala sarta ora pracaya amarga murtad nyingkur marang Gusti Allah kang asipat gesang.

13. Nanging padha eling-ingelingna ing sadina-dina sajrone isih bisa kaaranan “dina iki”, supaya panunggalanmu aja ana kang dadi wangkot atine, marga saka pamblithuking dosa.

maca bab lengkap Ibrani 3