Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 3:12-16 Kitab Sutji (JAV)

12. He, para sadulur, pada diwaspada, supaya ing antaramu aja ana kang kadunungan ati ala sarta ora pracaya amarga murtad nyingkur marang Gusti Allah kang asipat gesang.

13. Nanging padha eling-ingelingna ing sadina-dina sajrone isih bisa kaaranan “dina iki”, supaya panunggalanmu aja ana kang dadi wangkot atine, marga saka pamblithuking dosa.

14. Jalaran kita wus oleh panduman ana ing Sang Kristus, angger kia padha ngukuhi ing kayakinaning pracaya kita kang wiwitan, nganti tumeka ing wekasan.

15. Ananging manawa wus tau kapangandikakake:“Ing dina iki, manawa sira krungu swarane,aja padha mangkotake atinira, kaya nalika ana ing sajroning panggrundel.”

16. Sapa ta kang memungu dukaning Allah, sanadyan padha krungu swarane? Apa dudu wong kabeh kang padha metu saka ing tanah Mesir katuntun dening Nabi Musa?

maca bab lengkap Ibrani 3