Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 3:11-14 Kitab Sutji (JAV)

11. temahan Ingsun supaos sajroning bebenduningSun:Wong-wong iku ora bakal mlebu ing panggonan paleremaningSun.”

12. He, para sadulur, pada diwaspada, supaya ing antaramu aja ana kang kadunungan ati ala sarta ora pracaya amarga murtad nyingkur marang Gusti Allah kang asipat gesang.

13. Nanging padha eling-ingelingna ing sadina-dina sajrone isih bisa kaaranan “dina iki”, supaya panunggalanmu aja ana kang dadi wangkot atine, marga saka pamblithuking dosa.

14. Jalaran kita wus oleh panduman ana ing Sang Kristus, angger kia padha ngukuhi ing kayakinaning pracaya kita kang wiwitan, nganti tumeka ing wekasan.

maca bab lengkap Ibrani 3