Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 3:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Mulane, heh para sadulur kang suci, kang padha oleh panduman timbalan kaswargan, padha mawasa marang Sang Rasul sarta Imam Agung kang kiat akoni, iya iku Gusti Yesus,

2. kang setya marang kang wis njumenengake, kayadene Nabi Musa kang setya ing sapadalemane kabeh.

3. Jalaran Panjenengane kaanggep sembada kaparingan kamulyan kang ngluwihi Nabi Musa, padha kayadene kang gawe omah luwih kajen tinimbang omah gegaweane.

4. Amarga saben omah digawe dening sawijining ahli gawe omah; ananging Ahli kang yasa samubarang kabeh iku Gusti Allah.

5. Karodene Nabi Musa pancen tumemen ana ing padalemane Allah kayadene pelados, supaya paring paseksen ing bab apa kang ing tembe bakal dipangandikakake,

6. ananging Gusti Kristus iku setya kayadene Putra kang mengku padalemane; sarta padalemane iya iku kita, angger kita padha kukuh ing pracaya sarta ing pangarep-arep kang kita agung-agungake nganti tumeka ing wekasan.

7. Jalaran saka iku, kaya kang kapangandikakake dening Roh Suci:“Ing dina iki, manawa sira padha krungu swarane,

maca bab lengkap Ibrani 3