Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 2:7-18 Kitab Sutji (JAV)

7. Wondene kangge sawatawis wekdal sampun Paduka dadosaken langkung andhap sakedhik tinimbang kaliyan para malaekat, saha sampun Paduka makuthani kaluhuran tuwin kaurmatan,

8. samukawis sadaya sampun Paduka telukaken ing sangandhaping tlapakanipun.”Amarga sajrone nelukake samubarang marang Panjenengane, ora ana siji bae kang kliwatan, kang ora teluk marang Panjenengane. Ewadene ing samengko kita padha durung weruh, manawa samubarang kabeh wis ditelukake marang Panjenengane.

9. Nanging Panjenengane, kang sawatara mangsa didadekake luwih asor sathithik tinimbang para malaekat, yaiku Gusti Yesus, kita sumurup, kang jalaran anggone nglampahi sangsara seda, banjur kamakuthan kamulyan lan kaurmatan, supaya marga saka sih-rahmate Gusti Allah, Panjenengane nglampahi seda iku kanggo manungsa kabeh.

10. Jalaran pancen wus mungguh karo kaananing Allah, -- kang kagem Panjenengane sarta dening Panjenengane anggone samubarang kabeh iku dititahake --, yaiku Gusti Allah kang nuntun wong akeh marang kamulyan, uga nyampurnakake Gusti Yesus, kang ngirid wong-wong iku marang karahayon, srana nandhang sangsara.

11. Jalaran Panjenengane kang nucekake, sarta kang padha kasucekake, iku asale saka Siji. Mulane Panjenengane iya ora lingsem nyebut sadulur marang wong-wong iku,

12. ature:“Asma Paduka badhe Kawula wartosaken dhateng para sadherek Kawula, saha Kawula badhe ngidungaken pangalembana dhumateng Paduka wonten ing satengahing pasamuwan.”

13. Sarta maneh:“Aku bakal pracaya marang Panjenengane,”lan maneh:“Satemene, lah iki Aku sarta anak-anak kang wis diparingake dening Gusti Allah marang Aku.”

14. Kang iku sarehne anak-anak iku saka getih lan daging, mulane Panjenengane iya banjur dadi padha karo anak-anak mau lan oleh panduman ing kaanane, supaya marga saka sedane Panjenengane nyirnakake Iblis kang nguwasani pati;

15. sarta kanthi patrap mangkono Panjenengane ngluwari wong-wong, kang sajege urip padha kawengku ing pangawulan marga saka wedine marang pati.

16. Jalaran satemene dudu para malaekat kang diwelasi dening Panjenengane, nanging trahe Rama Abraham.

17. Mulane, ing bab apa bae Panjenengane kudu dipadhakake karo para sadhereke, supaya dadia Imam Agung kang welasan sarta setya marang Gusti Allah, prelu mbirat dosane sakehing bangsa.

18. Jalaran sarehne Panjenengane piyambak wis nandhang sangsara marga saka kagodha, dadi Panjenengane saged mitulungi marang wong kang padha kena ing panggodha.

maca bab lengkap Ibrani 2