Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 2:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Marga saka iku kita kudu luwih tliti anggon kita nggatekake apa kang wus kita rungu, supaya kita ora kentir katut ilining banyu.

2. Sabab manawa pangandika kang kadhawuhake lumantar para malaekat iku tetep tumindak, sarta sarupane panerak lan pamurangsarak iku nampani piwales murwat,

3. kapriye anggon kita akal oncat, manawa kita ora maelu marang karahayon kang samono gedhene iku, kang wiwitane diundhangake marang kita dening Gusti, lan dening kang padha ngrungokake kalawan patrap kang kena dipracaya,

4. Gusti Allah ngekahake paseksene kanthi tandha-tandha lan kaelokan sarta panguwasa warna-warna sarta kalawan Roh Suci, kang diedum-edumake ing sakarsane.

5. Jalaran ora marang para malaekat anggone Panjenengane wus nelukake jagad kang bakal dumadi, kang lagi kita rembug iki.

6. Ana wong kang tau nglairake paseksen ing sawijining nas mangkene:“Manungsa punika punapa ta, dene ngantos Paduka engeti, utawi anaking manungsa, dene ngantos Paduka openi?

7. Wondene kangge sawatawis wekdal sampun Paduka dadosaken langkung andhap sakedhik tinimbang kaliyan para malaekat, saha sampun Paduka makuthani kaluhuran tuwin kaurmatan,

maca bab lengkap Ibrani 2