Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 13:7-18 Kitab Sutji (JAV)

7. Padha elinga marang para pangiridmu, kang wis nggelarake pangandikane Gusti Allah marang kowe. Padha mawanga wekasaning sugenge arta padha nulada ing pracayane.

8. Gusti Yesus Kristus iku dhek wingi apadene ing dina iki sarta ing salawas-lawase tetep ora ewah gingsir.

9. Kowe aja padha nganti kena diblasukake dening piwulang warna-warna liyane. Amarga sing becik iya iku manawa atimu kasantosakake kalawan sih-rahmat, sarta ora kalawan pangan warna-warna kang ora maedahi marang wong kang padha nuruti marang aturaning pangan kang kaya mangkono iku.

10. Kita padha duwe misbyah, sarta wong-wong kang padha ngladeni tarub iku ora kena mangan apa kang saka ing misbyah iku.

11. Jalaran mungguh kewan-kewan kang getihe kagawa lumebu marang ing pasucen dening Imam Agung minangka pambirating dosa, iku padha kaobong ana ing sajabane pamandhahan.

12. Iya iku sababe dene Gusti Yesus wus nandhang sangsara ana ing sajabaning saketheng prelu nucekake umat kagungane srana rahe piyambak.

13. Awit saka iku, lah payo padha sowan Panjenengane ana ing sajabane pakuwon sarta nglabuhi kanisthane.

14. Amarga ana ing kene kita padha ora duwe papan padunungan kang tetep; kita padha ngupaya kutha kang bakal ana.

15. Kang iku payo kita padha tansah saos kurban pamuji sokur marang Gusti Allah lumantar Panjenengane, iya iku kang arupa wohing lambe kang ngluhurake asmane.

16. Sarta aja lali nindakake kabecikan lan aweh pitulungan, jalaran iya kurban-kurban kang mangkono iku kang ndadekake keparenge Gusti Allah.

17. Padha mbangun-turuta sarta sumuyuda marang para pangiridmu, awit iku kang padha rumeksa marang nyawamu, sarta kang padha kudu ngunjukake tanggung-jawab. Kanthi patrap mangkono iku bakal padha nglakoni kalawan rena, ora kalawan ngesah, awit iku ora bakal maedahi tumrap kowe.

18. Aku padha tansah dongakna, jalaran aku padha mesthekake, manawa aku padha duwe rumangsaning ati kang becik, amarga aku padha ngarah supaya satindak-tandukku bisaa utama.

maca bab lengkap Ibrani 13