Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 13:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Rumatana katresnaning pasaduluran!

2. Kowe aja padha lali aweh pamondhokan marang wong, jalaran saka mangkono iku ana sawenehing wong sing padha ora sumurup manawa wus ngaturi pasugatan marang para malaekat.

3. Padha elinga marang para pasakitan, jalaran kowe dhewe uga pasakitan. Sarta padha elinga marang wong kang padha kinaniaya, amarga kowe dhewe iya isih urip ana ing donya iki.

4. Nikah iku ajenana sarta aja njemberake paturon, sabab wong kang padha laku jina lan bandrek iku bakal dipatrapi dening Gusti Allah.

5. Kowe aja padha karem bandha sarta padha marema ing saanane. Awit Gusti Allah wus ngandika: “Ingsun ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar.”

6. Marga saka iku kanthi yakin kita bisa ngucap:“Gusti Allah kang mitulungi aku.Aku bakal ora wedi.Manungsa bisa manggawe apa marang aku?”

7. Padha elinga marang para pangiridmu, kang wis nggelarake pangandikane Gusti Allah marang kowe. Padha mawanga wekasaning sugenge arta padha nulada ing pracayane.

8. Gusti Yesus Kristus iku dhek wingi apadene ing dina iki sarta ing salawas-lawase tetep ora ewah gingsir.

9. Kowe aja padha nganti kena diblasukake dening piwulang warna-warna liyane. Amarga sing becik iya iku manawa atimu kasantosakake kalawan sih-rahmat, sarta ora kalawan pangan warna-warna kang ora maedahi marang wong kang padha nuruti marang aturaning pangan kang kaya mangkono iku.

10. Kita padha duwe misbyah, sarta wong-wong kang padha ngladeni tarub iku ora kena mangan apa kang saka ing misbyah iku.

11. Jalaran mungguh kewan-kewan kang getihe kagawa lumebu marang ing pasucen dening Imam Agung minangka pambirating dosa, iku padha kaobong ana ing sajabane pamandhahan.

12. Iya iku sababe dene Gusti Yesus wus nandhang sangsara ana ing sajabaning saketheng prelu nucekake umat kagungane srana rahe piyambak.

maca bab lengkap Ibrani 13