Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 12:9-20 Kitab Sutji (JAV)

9. Sabanjure; saka bapa kita kang sabenere, kita wus kapatrapan, mangka iku padha kita eringi, mendahane maneh manawa kita oraa kudu sumuyud marang Ramane sakabehing roh, supaya kita kepareng urip?

10. Bapa kita matrapi kita mung sawatara mangsa miturut apa bae kang kaanggep becik, nanging Panjenengane anggone matrapi kita iku murih becike, supaya kita kapanduman kasucene.

11. Sarupaning patrapan iku samangsa lagi kaparingake pancen ora mbungahake, malah nyedhihake. Nanging sateruse banjur metokake wohing kayekten kang njalari tentrem marang wong-wong kang wis padha kalantehake ing bab iku.

12. Mulane kencengna tangan kang lemes sarta dhengkul kang keklok;

13. sarta jejegna lakune sikilmu, supaya kang pincang aja nganti kongsul, nanging dadi waras.

14. Padha ngudia rukun karo sakabehing wong, sarta ngaraha marang kasucen; jalaran tanpa kasucen siji bae ora ana kang bakal ndeleng Gusti Allah.

15. Padha diawas aja nganti ana sing ngoncati sih-rahmate Gusti Allah, supaya aja nganti ana oyod pait kang thukul, kang nuwuhake rerusuh sarta kang njemberi wong akeh.

16. Aja ana kang laku jina utawa kang nduweni pepenginan kang asor kaya Esau, kang ngedol wewenange dadi pambarep diurupake pangan sapiring.

17. Jalaran kowe padha sumurup, manawa sawuse mangkono, nalika arep nampani berkah, ditampik, sabab ora oleh wewengan kanggo ndandani kaluputane, sanadyan anggone ngupaya kanthi mbrebes mili.

18. Amarga kowe ora padha marani gunung kang bisa kagepok sarta geni kang mulad-mulad, tuwin pepeteng alimengan lan lesus,

19. unine kalasangka apadene unining swara, kang ndadekake para kang krungu nganti padha nyuwun, supaya aja nganti dipangandikani maneh,

20. awit padha ora betah ngrungokake dhawuh iki: “Dalah kewan manawa ana kang nggepok marang gununge, iku kudu dibenturi watu.”

maca bab lengkap Ibrani 12