Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 12:24-29 Kitab Sutji (JAV)

24. sarta karo Gusti Yesus, Pantawise prajanjian kang anyar, lan karo rah pangepyuran kang wicarane luwih cetha tinimbang karo getihe Habel.

25. Dipadha prayitna, supaya aja padha nampik marang Panjenengane, kang medharake pangandika. Jalaran manawa wong-wong kang nampik marang Panjenengane kang nglairake pangandikane Gusti Allah ana ing bumi iku, ora bisa oncat, apamaneh kita, manawa kita nyingkur marang Panjenengane, kang ngandika saka ing swarga.

26. Ing nalika samana swarane nggonjingake bumi, nanging samengko Panjenengane maringi prasetya: “Ingsun bakal ngoregake sapisan engkas ora ngemungake bumi bae, malah langit uga.”

27. Tetembungan “sapisan engkas” iku nuduhake owah-owahane samubarang kang bisa digonjingake, kaya apa kang katitahake, supaya tetepa samubarang kang ora bisa gonjing.

28. Kang iku, sarehne kita padha nampani nagara kang ora bisa gonjing, payo padha ngaturake panuwun lan padha ngabekti marang Gusti Allah, miturut cara kang kakarsakake, kanthi hurmat lan wedi-asih.

29. Sabab Gusti Allah iya asipat geni kang gawe gosong.

maca bab lengkap Ibrani 12