Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 12:16-24 Kitab Sutji (JAV)

16. Aja ana kang laku jina utawa kang nduweni pepenginan kang asor kaya Esau, kang ngedol wewenange dadi pambarep diurupake pangan sapiring.

17. Jalaran kowe padha sumurup, manawa sawuse mangkono, nalika arep nampani berkah, ditampik, sabab ora oleh wewengan kanggo ndandani kaluputane, sanadyan anggone ngupaya kanthi mbrebes mili.

18. Amarga kowe ora padha marani gunung kang bisa kagepok sarta geni kang mulad-mulad, tuwin pepeteng alimengan lan lesus,

19. unine kalasangka apadene unining swara, kang ndadekake para kang krungu nganti padha nyuwun, supaya aja nganti dipangandikani maneh,

20. awit padha ora betah ngrungokake dhawuh iki: “Dalah kewan manawa ana kang nggepok marang gununge, iku kudu dibenturi watu.”

21. Sarta tetingalan iku nggegirisi banget, nganti Nabi Musa ngandika: “Aku giris lan gumeter.”

22. Nanging kowe wis padha cedhak karo gunung Sion, karo kuthane Gusti Allah kang asipat gesang, Yerusalem kaswargan sarta karo golonganing malaekat maewu-ewu, sawijining kumpulan kang rame nyenengake,

23. sarta karo pasamuwane para pambarep, kang jenenge wus padha katulisan ana ing swarga, sarta karo Gusti Allah, kang ngadili sakabehing wong, sarta maneh karo rohe para wong mursid kang kasampurnakake,

24. sarta karo Gusti Yesus, Pantawise prajanjian kang anyar, lan karo rah pangepyuran kang wicarane luwih cetha tinimbang karo getihe Habel.

maca bab lengkap Ibrani 12