Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 12:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Sarehne kita duwe seksi akeh banget, kayadene mega kang ngupengi kita, mulane payo padha mbuwang sakabehing momotan sarta dosa kang tansah ngganggu-gawe kita, sarta kalawan mantep padha lumayu ing pabalapan kang kawajibake marang kita.

2. Payo padha kita lakoni kanthi mandeng marang Gusti Yesus, kang nuntun kita ing sajroning pracaya sarta kang ngasta pracaya kita marang kasampurnan, kang ora ngetang kanisthan manggul salib kalayan mantep, sulihing kabungahan kang kacawisake kagem Panjenengane kang samengko lenggah ana ing tengening dhampare Gusti Allah.

3. Padha tansah elinga marang Panjenengane kang mantep anggone nahanake pambantahe para wong dosa kang nganti samono iku marang Panjenengane, supaya kowe aja nganti padha lesu sarta semplah.

4. Anggonmu perang nanggulangi dosa iku durung nganti padha ngwutahake getih.

5. Sarta apa kowe wus padha lali marang pitutur kang kadhawuhake marang kowe kaya marang para putra:“He anakku, aja nyepelekake panggulawenthahe Gusti Allah,sarta aja padha nglokro manawa kowe dielingake;

6. amarga Gusti Allah matrapi marang kang ditresnani,sarta nggebagi kang kaanggep putra.”

7. Manawa kowe padha ngalami dipatrapi, dadi kowe karengkuh putrane Gusti Allah. Endi ta ana anak kang ora tau dipatrapi dening bapakne?

8. Nanging manawa kowe ora tau dipatrapi, kang kudu kasandhang ing saben wong, dadi kowe dudu putra, nanging anak jadah.

9. Sabanjure; saka bapa kita kang sabenere, kita wus kapatrapan, mangka iku padha kita eringi, mendahane maneh manawa kita oraa kudu sumuyud marang Ramane sakabehing roh, supaya kita kepareng urip?

10. Bapa kita matrapi kita mung sawatara mangsa miturut apa bae kang kaanggep becik, nanging Panjenengane anggone matrapi kita iku murih becike, supaya kita kapanduman kasucene.

11. Sarupaning patrapan iku samangsa lagi kaparingake pancen ora mbungahake, malah nyedhihake. Nanging sateruse banjur metokake wohing kayekten kang njalari tentrem marang wong-wong kang wis padha kalantehake ing bab iku.

12. Mulane kencengna tangan kang lemes sarta dhengkul kang keklok;

maca bab lengkap Ibrani 12