Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 11:32-40 Kitab Sutji (JAV)

32. Sarta apa maneh sing kudu dakpratelakake? Jalaran aku bakal kakurangan wektu, manawa aku arep nyritakake bab Hakim Gidheon, Barak, Simson, Yefta, Sang Prabu Dawud lan Nabi Samuel sarta para nabi,

33. kang marga saka pracaya wus nelukake nagara-nagara, nindakake pangadilan, nampani apa kang wis kaprasetyakake, mbungkem cangkeme singa-singa,

34. nyirep geni kang mulad-mulad. Wong iku padha oncat saka landhepe pedhang, wus tampa kakuwatan sajrone nandhang apes, wus padha dadi santosa ing sajroning paprangan sarta wus ngundurake wadyabalaning mungsuh.

35. Para ibu nampani maneh wong-wonge sing wis mati, jalaran padha ditangekake. Nanging wong-wong liyane padha milaur dipilara sarta ora gelem diluwari, supaya padha tampa patangen kang luwih becik.

36. Ana maneh kang dipoyoki sarta disapu, malah ana kang dibanda sarta dikunjara.

37. Padha dibenturi watu, digraji, dipateni kalawan pedhang; wong-wong iku padha nglembara kalawan manganggo lulang wedhus gembel lan lulang wedhus jawa, padha kacingkrangan, disangsara sarta dikaniaya.

38. Donya iki ora pantes tumrap wong-wong iku. Padha nglambrang ana ing pasamunan sarta ing pagunungan, sajroning guwa-guwa sarta ing luweng-luwenging bumi.

39. Sarta wong iku kabeh padha ora tampa apa kang kaprasetyakake iku, sanadyan pracayane wus aweh paseksen kang becik tumrap wong-wong iku.

40. Jalaran Gusti Allah wus nyadhiyani kang luwih becik tumrap kita; tanpa kita wong-wong iku ora bisa tumeka ing kasampurnan.

maca bab lengkap Ibrani 11