Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 11:14-33 Kitab Sutji (JAV)

14. Jalaran wong kang ngucap mangkono iku nelakake, manawa padha kapengin ngupaya tanah wutah rah.

15. Mangka saupama padha ngengetana ing tanah wutah rah kang wus tinilar, padha kagungan wektu kang omber kanggo kondur.

16. Nanging saiki padha kapengin marang tanah wutah rah kang luwih becik, yaiku tanah wutah rah kaswargan. Mulane Gusti Allah ora lingsem sinebut Gusti Allahe, marga Panjenengane wus nyadhiyani kutha.

17. Marga saka pracaya Rama Abraham nalika kacoba, ngurbanake Iskak. Panjenengane, kang wus kaparingan prasetya, lila ngurbanake putrane ontang-anting,

18. sanadyan marang panjenengane wus kapangandikakake: “Trah kang saka Iskak iku kang bakal kasebut turunira.”

19. Jalaran panjenengane manggalih, manawa Gusti Allah kuwaos nangekake wong, sanadyan saka ing antarane wong mati. Sarta prasasat saka ing kono anggone nampeni wangsul putrane.

20. Marga saka pracaya Rama Iskak anggone mberkahi marang Yakub sarta Esau kanthi mirsani kang bakal kalakon.

21. Marga saka pracaya Rama Yakub, nalika ndungkap bakal sedane, mberkahi putrane Sang Yusuf sakarone, banjur sujud kanthi tumungkul in bongkoting lantarane.

22. Marga saka pracaya Sang Adipati Yusuf nalika ndungkap ing sedane martakake bab bakal budhale Banisrael sarta paring piweling bab layone.

23. Marga saka pracaya Nabi Musa, sawiyose, diumpetake dening rama-ibune lawase telung sasi, amarga padha nguni-ngani, manawa bayi iku bagus rupane sarta ora wedi marang prentahe Sang Prabu.

24. Marga saka pracaya Nabi Musa nalika wus diwasa ora karsa sinebut putrane Sang Prabu Pringon,

25. jalaran panjenengane milaur nandhang sangsara karo umate Gusti Allah, katimbang karo ngraosake kamuktening dosa sawatara mangsa

26. sarta nganggep, manawa karemehake amarga saka Sang Kristus iku kasugihan kang luwih gedhe tinimbang karo sakehing rajabranane tanah Mesir, awit kang ditenga iku kanugrahan.

27. Marga saka pracaya mulane banjur nilar tanah Mesir, ora ajrih marang dukane Sang Prabu, awit tansah mantep mbetahake prasasat mirsani apa kang ora katon.

28. Marga saka pracaya panjenengane mranata Paskah sarta pangepyuring getih, supaya anak-anak pambarep aja nganti kagepok dening kang nenumpes.

29. Marga saka pracaya wong-wong iku padha ngliwati Sagara Abang kaya lumaku ing dharatan, mangka wong-wong Mesir padha klelep, nalika padha nyoba mangkono uga.

30. Marga saka pracaya baluwartine kutha Yerikho padha jugrug, sawise diubengi pitung dina lawase.

31. Marga saka pracaya Rakhab, wong wadon tuna-susila, ora katut katumpes bareng karo wong-wong duraka, amarga wus nampani para telik iku kalawan becik.

32. Sarta apa maneh sing kudu dakpratelakake? Jalaran aku bakal kakurangan wektu, manawa aku arep nyritakake bab Hakim Gidheon, Barak, Simson, Yefta, Sang Prabu Dawud lan Nabi Samuel sarta para nabi,

33. kang marga saka pracaya wus nelukake nagara-nagara, nindakake pangadilan, nampani apa kang wis kaprasetyakake, mbungkem cangkeme singa-singa,

maca bab lengkap Ibrani 11