Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 1:3-12 Kitab Sutji (JAV)

3. Panjenengane dadi cahya kamulyane Gusti Allah sarta gambar wujuding Allah lan nyanggi samubarang kabeh sarana sabdane kang kebak panguwasa. Lan sawise rampung anggone ngresiki dosa, Panjenengane lenggah ing satengene Kang Mahaagung ana ing ngaluhur;

4. kaluhurane banget anggone ngungkuli para malaekat, padha kaya pinunjuling asma kang wus kaparingake marang Panjenengane kang uga banget anggone ngungkuli endahing jenenge para malaekat mau.

5. Sapa ta panunggalane para malaekat kang tau dipangandikani mangkene:“Sira iku PutraningSun!Sira wus Sunputrakake ing dina iki?”sarta“Ingsun bakal dadi Ramane,lan Panjenengane bakal dadi PutraningSun?”

6. Sarta nalika Panjenengane ngirid Ingkang Putra kang pembayun marang jagad, Panjenengane ngandika:“Sakehe malaekating Allah kudu nyembah marang Panjenengane.”

7. Dene tumrap para malaekat Panjenengane ngandika:“Kang ndadekake para malaekate dadi anginsarta para abdine dadi geni kang ngalad-alad.”

8. Nanging tumrap Sang Putra Panjenengane ngandika:“Dhuh, Allah, dhampar Paduka punika langgeng salaminipun, lantaran kaprabon Paduka punika lantaraning kaleresan.”

9. “Paduka punika tresna dhateng kaadilan saha sengit dhateng duraka,pramila, dhuh Allah, Allah Paduka sampun njebadi Paduka kaliyan lisahing kabingahan, nglangkungi para kanthi Paduka.”

10. Lan maneh:“Dhuh Pangeran, wiwitanipun Paduka ingkang nalesi bumi,saha langit punika yasanipun asta Paduka.

11. Sadaya punika badhe sirna, nanging Paduka tetep langgengsarta sadaya punika badhe sami luwas kados pangangge;

12. saha badhe Paduka gulung kados jubah,saha sami badhe kasantunan kados pangangge,nanging Paduka punika lestantun sami,saha taun Paduka badhe tanpa wates.”

maca bab lengkap Ibrani 1