Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Galati 6:9-15 Kitab Sutji (JAV)

9. Aja nganti kita kemba anggon kita gawe kabecikan, awit manawa wus tekan ing kalamangsane, kita bakal ngeneni, anggere kita ora nganti kendho.

10. Awit saka iku mumpung kita kober, ayo padha gawe becik marang wong kabeh, luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita kang tunggal pracaya.

11. Padha delengen, sapira gedhene aksara-aksara kang dakanggo nulis marang kowe kalawan tanganku dhewe.

12. Wong-wong kang cara lair seneng nonjolake awake dhewe, iya wong-wong iku kang padha mbudidaya bisaa meksa kowe supaya tetak, karepe mung supaya padha ora dikuya-kuya marga saka salibe Sang Kristus.

13. Sabab wong-wong kang padha tetak iku iya padha ora netepi angger-anggering Toret. Nanging karepe supaya kowe padha tetak amrih wong mau bisa gumunggung ing bab kaananmu lair.

14. Dene aku ora pisan-pisan gelem gumunggung, kajaba ing bab salibe Gusti kita Yesus Kristus, sabab marga saka Panjenengane jagad wus disalib kanggo aku lan aku kanggo jagad.

15. Sabab tetak utawa ora tetak ora ana paedahe, nanging dadi titah kang anyar iku kang ana paedahe.

maca bab lengkap Galati 6