Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Galati 6:4-13 Kitab Sutji (JAV)

4. Becike saben wong ndadara pagaweane dhewe; lagi kena gumunggung ndeleng kaanane dhewe lan ora ndeleng kaanane wong liya.

5. Sabab saben wong bakal mikul tetanggungane dhewe.

6. Lan wong kang nampani piwulanging pangandika iku mandumana samubarang kang kadarbe marang wong kang aweh piwulang iku.

7. Aja padha kesasar! Gusti Allah ora kena digawe geguyon. Awit apa kang disebar ing wong, iya iku kang bakal dieneni.

8. Sabab sing sapa nyebar ing daginge, dheweke bakal ngeneni karusakan saka daginge -- nanging sapa kang nyebar ing Roh, iya bakal ngeneni urip langgeng saka ing Roh iku.

9. Aja nganti kita kemba anggon kita gawe kabecikan, awit manawa wus tekan ing kalamangsane, kita bakal ngeneni, anggere kita ora nganti kendho.

10. Awit saka iku mumpung kita kober, ayo padha gawe becik marang wong kabeh, luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita kang tunggal pracaya.

11. Padha delengen, sapira gedhene aksara-aksara kang dakanggo nulis marang kowe kalawan tanganku dhewe.

12. Wong-wong kang cara lair seneng nonjolake awake dhewe, iya wong-wong iku kang padha mbudidaya bisaa meksa kowe supaya tetak, karepe mung supaya padha ora dikuya-kuya marga saka salibe Sang Kristus.

13. Sabab wong-wong kang padha tetak iku iya padha ora netepi angger-anggering Toret. Nanging karepe supaya kowe padha tetak amrih wong mau bisa gumunggung ing bab kaananmu lair.

maca bab lengkap Galati 6