Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Galati 6:13-18 Kitab Sutji (JAV)

13. Sabab wong-wong kang padha tetak iku iya padha ora netepi angger-anggering Toret. Nanging karepe supaya kowe padha tetak amrih wong mau bisa gumunggung ing bab kaananmu lair.

14. Dene aku ora pisan-pisan gelem gumunggung, kajaba ing bab salibe Gusti kita Yesus Kristus, sabab marga saka Panjenengane jagad wus disalib kanggo aku lan aku kanggo jagad.

15. Sabab tetak utawa ora tetak ora ana paedahe, nanging dadi titah kang anyar iku kang ana paedahe.

16. Lan kabeh wong kang lakune katuntun dening wewaton iki, tentrem-rahayu lan rahmat muga tumurun marang wong-wong iku lan marang Israel kagungane Gusti Allah.

17. Sabanjure aja ana kang gawe ribedku, marga ing awakku ana tandha-tandha kagungane Gusti Yesus.

18. Sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus nunggala ing sukmamu, sadulur-sadulur! Amin.

maca bab lengkap Galati 6