Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Galati 6:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Para sadulur, yen ana wong kang tinemu nglakoni panerak, kowe kang kasukman, kudu nuntun wong iku marang dalan kang bener kalawan budi kang sareh, karo njaga awakmu dhewe, supaya kowe uga aja kena ing pacoban.

2. Padha tuung-tinulungana ing bot-repot! Iya kaya mangkono iku anggonmu netepi ing angger-anggering Sang Kristus.

3. Sabab yen ana sawenehing wong kang rumangsa, manawa awake aji, mangka babar pisan ora aji, iku ngapusi awake dhewe.

4. Becike saben wong ndadara pagaweane dhewe; lagi kena gumunggung ndeleng kaanane dhewe lan ora ndeleng kaanane wong liya.

maca bab lengkap Galati 6